Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Kaimaman 20:18-27 Kitab Sutji (JAV)

18. Manawa ana wong lanang kang awor turu karo wong wadon sajrone isih nggarap-sari, dadi ngungkabi kawirangane lan mbukak tutupe, sarta kang wadon iya ngolehake tutuping getihe kabukak, iku karo-karone padha kasirnakna saka ing tengahe bangsane.

19. Sarta maneh sira aja ngungkabi kawirangane sadulure biyungira utawa sadulure wadon bapakira; marga kang diungkapi iku kawirangane kulit dagingira dhewe, sakarone kudu padha nyangga kaluputane dhewe.

20. Manawa ana wong lanang kang nunggal turu karo somahe sadulure bapakne, iku dadi nyahak wewenange sadulure bapakne, sakarone padha njalari dosane dhewe, lan bakal padha mati tanpa anak.

21. Karodene manawa ana wong lanang ngepek somahe sadulure, iku pratingkah kang nistha, awit nyahak wewenange sadulure lanang, mesthi bakal padha ora duwe anak.

22. Kang iku sira padha nggatekna sakehe pranataningSun lan sakehe katetepaningSun, sarta iku padha sira estokna, supaya tanah kang dadi tujuane anggoningSun ngirid lakunira kang supaya sira enggoni iku, aja nganti nglepeh marang sira.

23. Lakunira aja manut adat tata-carane bangsa kang bakal padha Suntundhung saka ing ngarepanira; marga iku wus padha nglakoni kang kaya mangkono iku mau, temah padha Sunemohi.

24. Nanging dhawuhingSun marang sira: Sira kang bakal padha ngebeki tanahe bangsa iku, sarta Ingsun kang bakal maringake marang sira dadi darbekira, tanah kang luber puwan lan madu; Ingsun iki Yehuwah Allahira, kang misahake sira saka para bangsa.

25. Sira padha mbedakna kewan kang kalal lan kang karam, apadene manuk kang karam lan kang kalal, supaya awakira aja nganti sira najisake, marga saka kewan kang sikil papat lan manuk, sarta sadhengah kang rumangkang nlosor utawa gumremet ana ing bumi, kang wus padha Sunpisahake supaya sira karamake.

26. Sira padha dadia suci suamos marang Ingsun, awitdene Ingsun Yehuwah iku suci, lan sira wus padha Sunpisahake saka para bangsa, supaya dadia kagunganingSun.

27. Karodene manawa ana wong lanang utawa wong wadon kang kapanjingan rohe wong mati utawa roh prewangan, iku padha kaukuma pati, padha kabenturana watu, lan getihe tumempuh marang wong-wong iku dhewe.”

maca bab lengkap Kaimaman 20