Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Kaimaman 19:23-33 Kitab Sutji (JAV)

23. Samangsa sira wus lumebu ing nagara iku sarta wus nandur kitri warna-warna, wohe kang wiwitan sajroning telung taun lawase iku aja sira undhuhi lan aja sira pangan.

24. Dene ing tahun kaping papate sakehe wohe padha dadia pisungsung pamuji konjuk marang Pangeran Yehuwah.

25. Ing taun kang kaping limane sira lagi kalilan mangan wohe, kang mangkono iku supaya ndadekna wuwuhe asilira; Ingsun iki Yehuwah Allahira.

26. Sira aja mangan sadhengah apa kang isih ana getihe. Sira aja padha nindakake ngelmu petungan utawa pameca.

27. Sira aja nyukur rambuting sirahira mubeng turut pinggir lan aja ngrusak pinggire jenggotira.

28. Sira aja nggaret-nggareti awakira marga kepaten lan sira aja gawe ciri-ciri ana ing badanira; Ingsun iki Yehuwah.

29. Sira aja ngrusak kasucene anakira wadon kanthi patrap sira dadekake wong tuna-susila, supaya wong sanagara aja nganti padha laku jina, temah nagara iku kebak pratingkah kang nistha.

30. Sira padha netepana dina-dina sabatingSun, sarta ngajenana marang pasuceningSun; Ingsun iki Yehuwah.

31. Sira aja padha madhep marang rohe wong kang wus ngajal utawa rohe para prewangan; sira aja nggoleki marang iku, temah padha dadi najis marga saka iku kabeh; Ingsun iki Yehuwah Allahira.

32. Ana ing ngarepe wong uwanen sira ngadega, lan wong kang wus tuwa sira ajenana, sarta wedi asiha marang Allahira; Ingsun iki Yehuwah.

33. Manawa ana wong manca kang manggon tetunggalan karo sira ana ing nagaranira, iku aja padha sira tindhes.

maca bab lengkap Kaimaman 19