Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Kaimaman 19:10-24 Kitab Sutji (JAV)

10. Mangkono uga pakebonanira anggur iya aja sira undhuhi ambal kaping pindho, sarta wohe kang kecer ana ing lemah aja sira kukupi, iku sira kerekna kanggo wong miskin lan wong manca; Ingsun iki Yehuwah Allahira.

11. Sira aja nyenyolong, sira aja goroh sarta aja apus-ingapusan.

12. Sira aja sumpah goroh demi asmaningSun, supaya aja nyawiyah marang kasucening asmane Allahira; Ingsun iki Yehuwah.

13. Sira aja nindhes marang pepadhanira lan aja ngrebut barang darbeke. Opahe wong nyambut gawe dinan aja sira endheg nganti tumeka esuke.

14. Wong budheg aja sira supatani lan aja masang watu sandhungan ana ing ngarepe wong wuta; nanging sira wedia marang Gusti Allahira; Ingsun iki Yehuwah.

15. Sira aja ndhoyongake pangadilan, aja ngrewangi wong cilik kang ora samesthine, aja ngiloni para wong gedhe, dipatitis anggonira ngadili marang pepadhanira.

16. Sira aja nyebar pitenah mrana-mrene ana ing antarane bangsanira, lan aja ngancam kaslametane pepadhanira; Ingsun iki Yehuwah.

17. Sira aja ngendhem sengit marang sadulurira, pepadhanira elingna klawan ngeblak, sarta sira aja njalari dosanira dhewe marga saka wong iku.

18. Sira aja males ala lan aja ngigit-igit marang padha bangsanira; malah sira tresnaa marang pepadhanira dikaya marang awakira dhewe; Ingsun iki Yehuwah.

19. Sira netepana pranataningSun. Sira aja njodhokake kewanira karo kang dudu jinise. Buminira sapanggonan aja sira sebari bibit rong rupa. Sira aja nganggo sandhangan kang bakale rong rupa.

20. Manawa ana wong lanang kang awor turu karo sawijining wong wadon, yaiku bature wong lanang liya, kang ora tau ditebus lan iya ora diwenehi layang tandhaning mardika, panggawe mangkono iku kudu kaukum, mung karo-karone aja nganti dipateni, marga bocah wadon iku durung dimerdikakake.

21. Wong lanang iku mau kudu ngaturake kurban dhendha konjuk marang Sang Yehuwah ana ing lawangane Tarub Pasewakan, arupa wedhus gibas lanang kanggo kurban dhenda.

22. Dene imam banjur nganakna pirukun tumrap wong iku, ana ing ngarsane Pangeran Yehuwah marga saka dosane srana wedhus gibas lanang kurban dhendha iku, temah dosane kang wus dilakoni mau bakal kaapura.

23. Samangsa sira wus lumebu ing nagara iku sarta wus nandur kitri warna-warna, wohe kang wiwitan sajroning telung taun lawase iku aja sira undhuhi lan aja sira pangan.

24. Dene ing tahun kaping papate sakehe wohe padha dadia pisungsung pamuji konjuk marang Pangeran Yehuwah.

maca bab lengkap Kaimaman 19