Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Kaimaman 17:11-16 Kitab Sutji (JAV)

11. Marga nyawane angger daging iku ana ing getihe, sarta anggoningSun maringake getih marang sira ana ing misbyah iku supaya dadia sarananing pirukun tumrap nyawanira, awitdene getih iku ngolehake pirukun sarana nyawa.

12. Mulane Ingsun dhawuh marang wong Israel: Aja ana wong panunggalanira kang mangan getih, iya dalah bangsa liya kang manggon ana ing tengahira, aja ana kang mangan getih.

13. Saben wong Israel utawa wong liya kang manggon ana ing tengahira, kang mbebedhag banjur oleh beburon utawa manuk kang kena dipangan, getihe kudu kawetokake, banjur kaurugana lemah,

14. sabab nyawane angger daging iku getihe, mulane wong Israel wus padha Sundhawuhi mangkene: Sira aja mangan getihe sadhengah daging, awitdene nyawane angger daging iku getihe; sing sapa mangan iku mesthi katumpes.

15. Karodene sing sapa mangan bathang utawa sisane kewan galak, dadia wong Israel utawa wong liya, iku kudu ngumbah sandhangane lan adus sarta bakal dadi najis tumeka surupe srengenge, banjur lagi mari najise.

16. Nanging manawa ora ngumbah sandhangane lan ora adus, mesthi bakal nyangga kaluputane.”

maca bab lengkap Kaimaman 17