Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Kaimaman 15:3-16 Kitab Sutji (JAV)

3. Mangkene gegayutane kanajisane karo umbel iku: manawa wetune umbel saka ing kawirangane iku lumintu utawa kapathet, nganti ora metu, yaiku kanajisane.

4. Sadhengah papan kang dituroni dening wong kang ngetokake umbel iku dadi najis, lan samubarang kang dilungguhi iya dadi najis uga.

5. Sapa kang nggepok paturone, iku ngumbaha sandhangane lan adusa sarta bakal dadi najis tumeka suruping srengenge.

6. Sing sapa lungguh tilas kang dilungguhi wong kang ngetokake umbel iku, iya ngumbaha sandhangane lan adusa, sarta bakal dadi najis tumeka suruping srengenge.

7. Sing sapa nggepok wong kang mangkono iku, iya ngumbaha sandhangane lan adusa, sarta bakal dadi najis tumeka suruping srengenge.

8. Manawa wong kang mangkono iku ngidoni wong kang ora najis, wong kang diidoni mau ngumbaha sandhangane lan adusa, sarta bakal dadi najis tumeka suruping srengenge.

9. Lan sadhengah lapak kang dilungguhi wong kang mangkono iku, dadi najis.

10. Sing sapa nggepok sadhengah apa kang mentas kaungkulan badane wong mau, dadi najis tumeka suruping srengenge. Dene sapa wong kang ngusung iku, ngumbaha sandhangane lan adusa, sarta bakal dadi najis tumeka suruping srengenge.

11. Karodene saben wong kang didemek dening wong kang mangkono iku, ora nganggo wisuh tangane dhisik, iku iya ngumbaha sandhangane lan adusa, sarta bakal dadi najis tumeka suruping srengenge.

12. Wadhah grabah kang kagepok dening wong kang mangkono iku, karemuka, nanging yen wadhah kayu, kaisahana.

13. Anadene wong kang ngetokake umbel mau samangsa wus mari, nuli ngetunga pitung dina engkas, supaya kapratelakna wus birat najise, banjur ngumbaha sandhangane, adusa banyu kang mili, temah dadi ora najis.

14. Bareng wolung dinane njupuka manuk deruk loro utawa piyik dara loro, banjur sebaa marang ing ngarsane Pangeran Yehuwah ana ing ngarepe lawangane Tarub Pasewakan, lan masrahna manuk mau marang imam.

15. Iku banjur kapisungsungna dening imam, kang siji minangka kurban pangruwating dosa, lan sijine minangka kurban obaran. Kaya mangkono imam anggone nganakake pirukun ana ing ngarsane Pangeran Yehuwah tumrap wong mau, jalaran saka wetuning umbele.

16. Karodene maneh manawa ana wong lanang kang kemeton kamane, iku adusa sarta bakal dadi najis tumeka suruping srengenge.

maca bab lengkap Kaimaman 15