Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Kaimaman 15:15-28 Kitab Sutji (JAV)

15. Iku banjur kapisungsungna dening imam, kang siji minangka kurban pangruwating dosa, lan sijine minangka kurban obaran. Kaya mangkono imam anggone nganakake pirukun ana ing ngarsane Pangeran Yehuwah tumrap wong mau, jalaran saka wetuning umbele.

16. Karodene maneh manawa ana wong lanang kang kemeton kamane, iku adusa sarta bakal dadi najis tumeka suruping srengenge.

17. Sadhengah sandhangan lan lulang kang kena kama iku mau, iya kakumbaha lan bakal dadi najis tumeka suruping srengenge.

18. Mangkono uga wong wadon manawa awor turu karo wong lanang kang mangkono mau, karo-karone padha adusa lan bakal dadi najis tumeka suruping srengenge.

19. Manawa ana wong wadon kang ngetokake barang kang ajer, mangka iku getih kang metu saka ing kawirangane, iku anggone jember lawase pitung dina, sing sapa nggepok wong wadon mau, dadi najis tumeka suruping srengenge.

20. Sadhengah apa kang dituroni salawase jember iku, dadi najis, mangkono uga sadhengah apa kang dilungguhi iya dadi najis.

21. Lan sing sapa nggepok paturone wong wadon kang kaya mangkono mau, ngumbaha sandhangane lan adusa sarta bakal dadi najis tumeka surupe srengenge.

22. Karomaneh sing sapa nggepok sabarang kang mentas dilungguhi, iku iya ngumbaha sandhangane lan adusa, sarta bakal dadi najis tumeka surupe srengenge.

23. Uga manawa kagepok ing samubarang kang mentas sumeleh ing paturone utawa sadhengah apa kang mentas dilungguhi wong wadon mau, iya dadi najis tumeka surupe srengenge.

24. Manawa ana wong lanang kang awor turu karo wong wadon mau, mangka nganti kelepetan ing jejembere, wong iku dadi najis nganti pitung dina lawase, lan sadhengah paturon kang dituroni iya dadi najis.

25. Manawa ana wong wadon kang nganti pirang-pirang dina ngetokake jer-jeran, yaiku getih, mangka ora pinuju nggarap-sari, utawa manawa kliwat saka adat sabene, iku ing sajrone ngetokake jer-jeran kang najis iku, dadia padha kaya samangsa lagi nggarap-sari, dadi iya najis.

26. Saben paturon kang dituroni salawase ngetokake getih, iku dadia padha kaya kang dituroni nalika nggarap-sari, sarta samubarang kang dilungguhi dadi najis, iya kaya najise samangsa lagi nggarap-sari.

27. Sing sapa nggepok barang-barang iku mau, dadi najis, mulane ngumbaha sandhangane lan adusa sarta bakal dadi najis nganti tumeka surupe srengenge.

28. Nanging samangsa wus mari nggrajage, banjur ngetunga pitung dina engkas, sawuse mangkono lagi dadi ora najis.

maca bab lengkap Kaimaman 15