Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Kaimaman 14:7-13 Kitab Sutji (JAV)

7. Sawuse mangkono imam banjur ngepyurna getih mau rambah kaping pitu marang awake wong kang arep dibirat najise mau, temah ditetepna resik; nuli manuk kang isih urip iku diuculna ana ing ara-ara.

8. Anadene wong kang bakal kabirat najise iku banjur ngumbaha sandhangane, kacukura rambute kabeh sarta adusa, temah birat najise. Sawuse mangkono kena lumebu ing palereban, nanging lereba ana ing sajabane tarube lawase pitung dina.

9. Ing pitung dinane kacukura maneh rambute nganti resik kabeh, rambut sirah, jenggot, alis, malah dalah wuluning badan kabeh kacukura, sandhangane kakumbaha, awake kaedusana, temah birat najise.

10. Ing wolung dinane wong mau njupuka wedhus gembel lanang loro kang tanpa cacad, lan wedhus gembel wadon siji kang umur sataun iya kang tanpa cacad, glepung kang becik dhewe telung prasepuluh efa diwori lenga kanggo kurban dhaharan, karomaneh lenga sa-log.

11. Anadene imam kang nindakake pambirating najis iku banjur mrenahna wong kang bakal kabirat najise iku dalah sakabehing pisungsung ana ing ngarsane Pangeran Yehuwah ing ngarepe lawangane Tarub Pasewakan.

12. Imam tumuli njupuka wedhus gembel lanang kang siji, sarta kasaosna minangka kurban dhendha karo lengane sa-log mau, nganggoa padha digoyang dadi pisungsung goyangan ana ing ngarsane Pangeran Yehuwah.

13. Sawuse mangkono wedhus gembel lanang mau disembeleha ana ing panggonan nyembeleh kurban pangruwating dosa lan kurban obaran, ana ing papan kang suci, awit kurban dhendha mangkono uga kurban pangruwating dosa, iku dadi pandumane imam; iku panduman kang suci pinunjul.

maca bab lengkap Kaimaman 14