Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Kaimaman 14:5-20 Kitab Sutji (JAV)

5. Imam mrentahna nyembeleh manuk kang siji kaungkulna ing wadhah grabah kang ana banyune mili.

6. Nanging manuk kang isih urip iku kajupuka bareng karo kayu eres, kain jingga lan isop iku mau, nuli kabeh iku dalah manuk mau dicelupna ing getihe manuk kang wus kasembeleh nganggo diungkulake ing banyu mili mau.

7. Sawuse mangkono imam banjur ngepyurna getih mau rambah kaping pitu marang awake wong kang arep dibirat najise mau, temah ditetepna resik; nuli manuk kang isih urip iku diuculna ana ing ara-ara.

8. Anadene wong kang bakal kabirat najise iku banjur ngumbaha sandhangane, kacukura rambute kabeh sarta adusa, temah birat najise. Sawuse mangkono kena lumebu ing palereban, nanging lereba ana ing sajabane tarube lawase pitung dina.

9. Ing pitung dinane kacukura maneh rambute nganti resik kabeh, rambut sirah, jenggot, alis, malah dalah wuluning badan kabeh kacukura, sandhangane kakumbaha, awake kaedusana, temah birat najise.

10. Ing wolung dinane wong mau njupuka wedhus gembel lanang loro kang tanpa cacad, lan wedhus gembel wadon siji kang umur sataun iya kang tanpa cacad, glepung kang becik dhewe telung prasepuluh efa diwori lenga kanggo kurban dhaharan, karomaneh lenga sa-log.

11. Anadene imam kang nindakake pambirating najis iku banjur mrenahna wong kang bakal kabirat najise iku dalah sakabehing pisungsung ana ing ngarsane Pangeran Yehuwah ing ngarepe lawangane Tarub Pasewakan.

12. Imam tumuli njupuka wedhus gembel lanang kang siji, sarta kasaosna minangka kurban dhendha karo lengane sa-log mau, nganggoa padha digoyang dadi pisungsung goyangan ana ing ngarsane Pangeran Yehuwah.

13. Sawuse mangkono wedhus gembel lanang mau disembeleha ana ing panggonan nyembeleh kurban pangruwating dosa lan kurban obaran, ana ing papan kang suci, awit kurban dhendha mangkono uga kurban pangruwating dosa, iku dadi pandumane imam; iku panduman kang suci pinunjul.

14. Imam banjur njupuka getihe kurban dhendha mau sathithik dileletna marang wong kang bakal kabirat najise mau ing godhohing kupinge kang tengen ing jempolaning tangan tengen lan ing jempolaning sikil tengen.

15. Sarta maneh lenga sa-log mau kajupuka sathithik, kaesokna ana ing epek-epeke tangane dhewe kang kiwa;

16. imam banjur nyelupna drijine kang tengen ing lenga kang ana ing epek-epeke kiwa iku sarta ngepyurna lengane klawan drijine rambah kaping pitu ana ing ngarsane Pangeran Yehuwah.

17. Kekarene lenga kang ana ing tangane iku salong kaleletna dening imam marang godhohing kupinge tengen wong iku, ing jempolane tangan tengen lan ing jempolane sikile kang tengen, tumumpang ing getihe kurban dhendha mau.

18. Turahane lenga kang ana ing epek-epeke imam mau diusapna ing sirahe wong kang bakal kabirat najise. Mangkono anggone imam nganakake pirukun tumrap wong mau ana ing ngarsane Pangeran Yehuwah.

19. Karomaneh imam iya nyaosna kurban pangruwating dosa lan kalawan mangkono nganakake pirukun tumrap wong kang bakal kabirat najise lan sawuse iku nyembeleha kurban obaran.

20. Wasana imam nyaosna kurban obaran lan kurban dhaharan ana ing misbyah. Mangkono imam anggone nganakake pirukun tumrap wong iku, temah birat najise.

maca bab lengkap Kaimaman 14