Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Kaimaman 14:41-51 Kitab Sutji (JAV)

41. Apamaneh omahe dikerukana ing sisih jero mubeng, dene kerukane iku kabuwanga menyang ing sajabane nagara ing panggonan kang najis.

42. Sawuse mangkono wong-wong banjur padha njupuka watu liyane kaetrapna ing tilas panggonan watu lawas, lan njupuka labur kagawe nglepa omahe.

43. Nanging manawa tandha-tandha mau thukul maneh ana ing omah iku sawuse batane dijugili lan omahe wus dikeruki tuwin malah wus dilepa maneh,

44. imam tumuli balia mrono lan manawa miturut papriksane tandha-tandha saraat iku mremen ana ing omahe, omah iku kena ing memala saraat kang ganas, omahe iku dadine najis.

45. Omah kaya mangkono iku kudu dibubrah, batane, kayune dalah labure omah kabeh, iku padha kagawaa metu menyang ing sajabane nagara ing panggonan kang najis.

46. Lan sing sapa lumebu ing omah iku sasuwene dikunci, iku dadi najis nganti tumeka suruping srengenge.

47. Sarta wong kang turu ana ing omah kono, ngumbaha sandhangane, mangkono uga wong kang manggon ana ing omah kono, iya ngumbaha sandhangane.

48. Nanging manawa imam mrono, mangka miturut papriksane tandha-tandha mau ora mremen sawuse dilepa maneh, imam banjur netepna omah iku ora najis, marga memalane wus ilang.

49. Sawuse mangkono kanggo mbirat najise omah iku, njupuka manuk loro, kayu eres, kain jingga lan isop.

50. Manuke kang siji disembeleha nganggo diungkulake ing banyu mili kang ana ing wadhah grabah.

51. Kayu eres lan lawe jingga sarta isop dalah manuke kang isih urip iku banjur padha dicelupna ing getihe manuk kang wus kasembeleh lan ing banyu mili mau, sarta omahe dikepyurana rambah kaping pitu.

maca bab lengkap Kaimaman 14