Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Kaimaman 14:37-45 Kitab Sutji (JAV)

37. Manawa miturut papriksane imam, ing temboke omah iku, ana legok-legokan kang warnane semu ijo utawa semu abang, sawangane luwih jero tinimbang raening tembok liyane,

38. imam banjur metua saka ing omah iku menyanga ing ngarep lawang, sarta akona ngunci omah mau lawase pitung dina.

39. Ing pitung dinane imam balia maneh, manawa miturut papriksane tandha-tandha saraat iku mremen ing tembok sandhinge,

40. imam banjur mrentahna njugili temboke kang kadunungan cacad iku, padha kabuwanga menyang ing sajabane nagara ing panggonan kang najis.

41. Apamaneh omahe dikerukana ing sisih jero mubeng, dene kerukane iku kabuwanga menyang ing sajabane nagara ing panggonan kang najis.

42. Sawuse mangkono wong-wong banjur padha njupuka watu liyane kaetrapna ing tilas panggonan watu lawas, lan njupuka labur kagawe nglepa omahe.

43. Nanging manawa tandha-tandha mau thukul maneh ana ing omah iku sawuse batane dijugili lan omahe wus dikeruki tuwin malah wus dilepa maneh,

44. imam tumuli balia mrono lan manawa miturut papriksane tandha-tandha saraat iku mremen ana ing omahe, omah iku kena ing memala saraat kang ganas, omahe iku dadine najis.

45. Omah kaya mangkono iku kudu dibubrah, batane, kayune dalah labure omah kabeh, iku padha kagawaa metu menyang ing sajabane nagara ing panggonan kang najis.

maca bab lengkap Kaimaman 14