Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Kaimaman 14:18-32 Kitab Sutji (JAV)

18. Turahane lenga kang ana ing epek-epeke imam mau diusapna ing sirahe wong kang bakal kabirat najise. Mangkono anggone imam nganakake pirukun tumrap wong mau ana ing ngarsane Pangeran Yehuwah.

19. Karomaneh imam iya nyaosna kurban pangruwating dosa lan kalawan mangkono nganakake pirukun tumrap wong kang bakal kabirat najise lan sawuse iku nyembeleha kurban obaran.

20. Wasana imam nyaosna kurban obaran lan kurban dhaharan ana ing misbyah. Mangkono imam anggone nganakake pirukun tumrap wong iku, temah birat najise.

21. Nanging manawa wonge iku miskin ora bisa nganakake iku kabeh, iku mung njupuka wedhus gembel lanang siji bae minangka kurban dhendha kang kanggo pisungsung goyangan kagawe nganakake karukunan tumrap wong mau, karomaneh glepung pilihan saprasepuluh efa kaolah dicampuri lenga kanggo kurban dhaharan kanthi lenga sa-log.

22. Apamaneh manuk deruk loro utawa manuk dara loro, endi kang dibisani, siji kanggo kurban pangruwating dosa lan sijine kanggo kurban obaran.

23. Ing dina kaping wolune wong mau ngladekna barang-barang mau kabeh marang imam ana ing lawangane Tarub Pasewakan ing ngarsane Pangeran Yehuwah, minangka pambirating najise.

24. Imam sawuse nampani wedhus kurban dhendha lan lenga sa-log mau, banjur nyaosake iku kabeh minangka pisungsung goyangan ana ing ngarsane Pangeran Yehuwah.

25. Sawuse iku tumuli wedhuse kurban dhendha kasembeleha, sarta imam njupuka getihe sathithik kaleletna ing godhohing kupinge kang tengen wong iku lan ing jempolane tangane tengen apadene ing jempolane sikile kang tengen.

26. Sarta maneh lenga mau kaesokna sathithik dening imam ing epek-epeke tangane dhewe kang kiwa,

27. banjur lenga kang ana ing tangane kiwa mau kakepyurna klawan drijine tangan tengen, nganti rambah kaping pitu ana ing ngarsane Pangeran Yehuwah.

28. Karodene lenga kang ana ing epek-epek mau salong kaleletna ing godhohing kupinge tengen wong kang kabirat najise, uga ing jempolane tangan tengen, sata jempolane sikil tengen, ing panggonan kang wus ana getihe kurban dhendha mau.

29. Turahane lenga kang ana ing epek-epeke imam mau kausapna ing sirahe wong kang bakal kabirat najise, kagawe nganakake pirukun tumrap wong mau ana ing ngarsane Sang Yehuwah.

30. Banjur deruke utawa piyike dara, endi kang disaosake dening wong mau manut kakuwatane,

31. kang siji kanggo kurban pangruwating dosa lan sijine kanggo kurban obaran kanthi kurban dhaharan. Mangkono imam anggone nganakake pirukun ana ing ngarsane Pangeran Yehuwah tumrap wong kang bakal kabirat najise.

32. Iku mau angger-angger bab pambirate najise wong kang nandhang memala saraat kang sekeng.”

maca bab lengkap Kaimaman 14