Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Kaimaman 13:45-54 Kitab Sutji (JAV)

45. Wong kang nandhang memala saraat iku nganggoa sandhangan kang rowak-rawek, rambute kaorea, lan brengose katutupana, klawan alok-alok: najis, najis!

46. Salawase nandhang memala iku, tetepa najise. Sarehne najis mulane pamanggone kapisaha, prenahe ana ing sajabane palereban.

47. Manawa ana sandhangan kang ana tandha-tandhane memala saraat, dadia sandhangan wol utawa lena,

48. dadia tenunan utawa anaman lawe, dadia lulang utawa sadhengaha dandanan lulang,

49. manawa tandha-tandha kang dumunung ing barang-barang mau katon semu abang, iku memala saraat, perlu dipriksakake marang imam.

50. Manawa tandha-tandha mau wus dipriksa dening imam, kang kadunungan tandha-tandha mau dipisah pitung dina lawase.

51. Ing pitung dinane dipriksa maneh, manawa tandha-tandha mau wus mremen ana ing sandhangan, utawa tenunan, ing anaman utawa ing lulang, iya ing sadhengah apa bae kang bakale lulang, iku saraat kang ganas banget, lan iku najis.

52. Sandhangan kang ana tandha-tandhane mangkono iku kaobonga, awit iku saraat kang ganas banget, barang-barang mau kudu kaobong nganti entek.

53. Balik manawa miturut papriksane imam, tandha-tandha mau ora mremen ing barang-barang iku,

54. imam tumuli akona ngumbah barang-barang kang kadunungan tandha-tandha iku, sarta wonge banjur kapisaha pitung dina maneh.

maca bab lengkap Kaimaman 13