Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Kaimaman 13:40-59 Kitab Sutji (JAV)

40. Manawa ana wong lanang kang bodhol rambute, iku mung dadi buthak, ora najis,

41. manawa kang bodhol mung rambut ing ngarep bae, lan dadi buthak ing sisih ngarep, iku ora najis.

42. Nanging manawa ing sirahe kang buthak mau ing sisih dhuwur utawa ing sisih ngarep ana memalane kang putih semu abang, iku memala saraat kang thukul ana ing perangane sirahe kang buthak mau.

43. Imam banjur mriksaa, yen penduling memala kang thukul ana ing perangane sirahe kang buthak iku putih semu abang, rupane padha karo memala saraat ing kulit,

44. wong iku pancen nandhang memala saraat, dadine najis lan ditetepna najis dening imam, marga saka memalane ing sirahe mau.

45. Wong kang nandhang memala saraat iku nganggoa sandhangan kang rowak-rawek, rambute kaorea, lan brengose katutupana, klawan alok-alok: najis, najis!

46. Salawase nandhang memala iku, tetepa najise. Sarehne najis mulane pamanggone kapisaha, prenahe ana ing sajabane palereban.

47. Manawa ana sandhangan kang ana tandha-tandhane memala saraat, dadia sandhangan wol utawa lena,

48. dadia tenunan utawa anaman lawe, dadia lulang utawa sadhengaha dandanan lulang,

49. manawa tandha-tandha kang dumunung ing barang-barang mau katon semu abang, iku memala saraat, perlu dipriksakake marang imam.

50. Manawa tandha-tandha mau wus dipriksa dening imam, kang kadunungan tandha-tandha mau dipisah pitung dina lawase.

51. Ing pitung dinane dipriksa maneh, manawa tandha-tandha mau wus mremen ana ing sandhangan, utawa tenunan, ing anaman utawa ing lulang, iya ing sadhengah apa bae kang bakale lulang, iku saraat kang ganas banget, lan iku najis.

52. Sandhangan kang ana tandha-tandhane mangkono iku kaobonga, awit iku saraat kang ganas banget, barang-barang mau kudu kaobong nganti entek.

53. Balik manawa miturut papriksane imam, tandha-tandha mau ora mremen ing barang-barang iku,

54. imam tumuli akona ngumbah barang-barang kang kadunungan tandha-tandha iku, sarta wonge banjur kapisaha pitung dina maneh.

55. Sawuse barang-barang iku dikumbah, imam kudu mriksa tandha-tandha iku mau maneh. Sanadyan ora mremen, yen tandha-tandha iku ora owah, barang-barang mau tetep najis, iku sira obonga nganti entek, awit tandha-tandha mau saya jero ana ing sisih buri utawa ing sisih ngarep.

56. Nanging manawa miturut papriksane imam tandha-tandha mau sawuse kakumbah katon lamat-lamat, iku nuli kasuweka saka ing barang-barang mau.

57. Nanging manawa tandha-tandha iku katon maneh ana ing barang-barang mau, iku saraat kang lagi thukul, barang kang kadunungan tandha-tandha iku kaobonga nganti entek.

58. Nanging barang-barang kang wus sira kumbah nganti ilang tandha-tandhane, iku kakumbaha maneh, lagi dadi resik.

59. Iku mau angger-angger bab saraat kang tumrap ing sandhangan wol utawa lena, barang tenunan utawa anaman, apadene sadhengah dandanan lulang, supaya katetepna resik utawa najis.”

maca bab lengkap Kaimaman 13