Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Kaimaman 11:24-39 Kitab Sutji (JAV)

24. Karodene kang kasebut iki bakal ndadekake najisira, saben wong kang nggepok bathange, bakal dadi najis tumeka suruping srengenge,

25. lan sing sapa nggawa saperangane bathange, iku ngumbaha sandhangane lan iya bakal najis tumeka suruping srengenge --,

26. yaiku sadhengah kewan kang tracake belah, nanging belahane ora dawa, sarta ora nggayemi, iku kabeh karam tumrap sira, lan sing sapa nggepok iku bakal dadi najis.

27. Samono uga panunggalane sarupane kewan sikil papat kang lumaku nganggo tlapakane, iku kabeh padha karam tumrap sira; sing sapa nggepok bathange, bakal dadi najis nganti tumeka suruping srengenge,

28. sarta sing sapa nggawa bathange, kudu ngumbah sandhangane, lan iya bakal dadi najis tumeka suruping srengenge. Iku kabeh padha karam tumrap sira.

29. Panunggalane bangsa kewan rumangkang kang kumruyuk ana ing bumi, kang karam tumrap sira, yaiku: tikus wuta, tikus, kodhok lan sapepadhane,

30. tekek, slira lan kawuk, khomet lan bunglon.

31. Iku kabeh padha karam tumrap sira, ana ing antarane sakehe kewan rumangkang nlosor. Sing sapa nggepok kewan-kewan iku samangsa wus mati, iku bakal dadi najis tumeka suruping srengenge.

32. Karomaneh sadhengah apa kang ketiban kewan mau samangsa wus mati, iku mesthi dadi najis: sakehing piranti kayu, sandhangan, lulang utawa bagor lan sadhengah piranti kang kanggo nindakake apa bae, iku kacemplungna ing banyu lan dadi najis tumeka suruping srengenge, sawuse mangkono bakal dadi resik maneh.

33. Nanging sadhengah wadhah grabah kang ketiban salah sawijine kewan iku, apa isine dadi najis, dene wadhahe kudu sira pecah.

34. Sadhengah pangan kang kena dipangan, manawa kecak banyuning wadhah mau, iku dadi najis, lan sarupane omben-omben kang kena diombe kang ana ing wadhah kang mangkono iku, iya dadi najis.

35. Samubarang kang ketiban bathange kewan mau dadi najis; manawa iku pambakaran roti utawa anglo, iku karemuka, awit iku kabeh wus padha dadi najis lan iya sira anggepa najis;

36. nanging sumber utawa sumur kang isi banyu, iku tetep ora najis; nanging sing sapa nggepok bathange kewan-kewan mau, iku dadi najis.

37. Mangkono maneh winih apa bae kang arep disebar, kang ketiban ing bathange kewan iku, iku tetep ora najis.

38. Nanging manawa winih mau wus diekum ing banyu, nuli ketiban bathange, iku dadi najis tumrap sira.

39. Anadene manawa panunggalane kewan kang dadi panganira mati, sing sapa nggepok bathange bakal dadi najis tumeka suruping srengenge.

maca bab lengkap Kaimaman 11