Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Kaimaman 1:7-17 Kitab Sutji (JAV)

7. Para anake Imam Harun banjur dadekna geni ana ing misbyah sarta nataa kayu tumumpang ing geni mau,

8. sarta banjur nataa tengkel-tengkelane kurbane iku, endhase lan gajihe katumpangna ing kayu kang murub ana ing misbyah mau.

9. Nanging jeroane lan pupune kudu dikumbah, banjur diobonga kabeh dening imam ana ing misbyah minangka kurban obaran, minangka kurban genenan kang gandane damel renane Pangeran Yehuwah.

10. Manawa sesaosane kanggo kurban obaran mau arupa wedhus, wedhus gembel apa wedhus berok, kang disaosake iku kudu lanang kang tanpa cacad.

11. Panyembelehe ana ing iringane misbyah sisih lor ana ing ngarsaning Sang Yehuwah, para imam anake Harun, banjur nyiramna getihe ana ing sakubenge misbyah.

12. Sawuse mangkono banjur ditengkel-tengkela miturut perang-perangane kaya kang wus katemtokake, tengkel-tengkelane, endhase lan gajihe ditataa dening imam ana ing kayu kang murub ana ing misbyah mau.

13. Jeroan lan pupune kudu dikumbah, banjur kabeh disaosna lan diobonga dening imam ana ing misbyah: iku kurban obaran, kurban genenan kang gandane damel renane panggalihe Sang Yehuwah.

14. Manawa kurban kang disaosake marang Pangeran Yehuwah minangka kurban obaran iku arupa manuk, kurbane iku kudu manuk deruk utawa piyik dara.

15. Manuke mau diajokna menyang misbyah dening imam, endhase manuk banjur dipuntir lan diobonga ana ing misbyah, dene getihe diepuha ana ing lambunge misbyah.

16. Telihe sarta wulune kudu disisihake lan dibuwang sawetane misbyah, ing panggonan awu.

17. Nuli manuke disuweka ing poking swiwine, nanging ora nganti pisah; banjur diobonga dening imam ana ing misbyah, ing kayu kang murub; iku dadi kurban obaran, iya kurban genenan, kang gandane damel renane Pangeran Yehuwah.”

maca bab lengkap Kaimaman 1