Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Jabur 96:5-13 Kitab Sutji (JAV)

5. Ujer sakehing allahe para bangsa iku tanpa guna,nanging Pangeran Yehuwah iku kang nitahake langit,

6. kaagungan lan kamulyan ana ing ngarsane,karosan lan kaurmatan ana ing papan pasucene.

7. He sakehing para suku bangsa, marang Pangeran Yehuwah,iya mung marang Pangeran Yehuwah kamulyan lan karosan iku!

8. Pangeran Yehuwah caosana kamulyaning asmane,nggawaa pisungsung lan sebaa marang ing platarane.

9. Padha sujuda marang Sang Yehuwah kalawan manganggo kasucen,he sawrataning bumi kabeh, gumetera ana ing ngarsane.

10. Padha undhangna ana ing antarane para bangsa:“Pangeran Yehuwah iku Raja!Sanyata jagad iku madeg santosa, ora goyang,Panjenengane bakal ngadili para bangsa kalawan kabeneran.”

11. Langit kareben bungah-bungah, lan bumi surak-surak,sarta segara dalah saisine kareben padha gumuruh!

12. Ara-ara dalah saisine kareben sukarena;ing kono sakehing wit-witan ing alas padha surak-surak,

13. ana ing ngarsaning Sang Yehuwah, amarga Panjenengane rawuh,sabab rawuhe bakal ngadili jagad,jagad bakal dihakimi kalawan adil,lan para bangsa kalawan kasetyane.

maca bab lengkap Jabur 96