Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Jabur 95:1-11 Kitab Sutji (JAV)

1. Ayo padha surak-surak ana ing ngarsaning Pangeran Yehuwah,surak-surak kagem Paranging karahayon kita.

2. Ayo padha methukake wedanane kalawan kidung pamuji sokur,surak-surak kanthi pangidung masmur ana ing ngarsane.

3. Awitdene Pangeran Yehuwah iku Allah kang agung,sarta Raja agung kang ngungkuli sakehing allah.

4. Telenging bumi ana ing astane,pucaking gunung-gunung iku uga kagungane.

5. Segara uga kagungane, Panjenengane kang nitahake,sarta astane kang yasa dharatan.

6. Lumebua, payo padha tumungkul sujud,padha jengkeng ana ing ngarsaning Pangeran Yehuwah, kang nitahake kita,

7. awit Panjenengane iku Gusti Allah kita,kita iku padha umat ngen-ngenane, papanthan wedhus reh-rehane.Ing dina iki kowe bok ya padha ngrungokake swarane!

8. Sira aja mangkotake atinira kaya nalika ana ing Meriba,kaya ing dina nalika ana ing Masa ana ing pasamunan,

9. nalika leluhurira padha nyoba marang Ingsun,padha ndadar Ingsun, sanadyan wus padha ndeleng pakaryaningSun.

10. Patang puluh taun lawase enggoningSun pegel ing galih ing bab jinis iku.PangandikaningSun: “Iku bangsa kang kesasar atine,padha ora nyumurupi dalan pitedahingSun.”

11. Mulane Ingsun wus supaos ing sajroning dukaningSun:“Wong-wong iku mesthi padha ora bakal lumebu ing padalemaningSun.”

maca bab lengkap Jabur 95