Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Jabur 9:3-12 Kitab Sutji (JAV)

3. Kawula badhe bingah-bingah sarta asumyak-sumyak awit saking Paduka,Asma Paduka kawula puji klayan masmur, dhuh Gusti,Sang Mahaluhur,

4. awit mengsah kawula sami mundur,rebah lajeng sirna wonten ing ngarsa Paduka.

5. Amargi Paduka ingkang mbelani prakawis kawula lan wewenang kawula,temah kawula angsal kaleresan,Paduka lenggah ing dhampar jumeneng Hakim ingkang adil.

6. Para bangsa sami Paduka ancam,para tiyang duraka Paduka tumpes;namanipun Paduka sirnakaken langgeng ing salaminipun.

7. Mengsah sampun sami tumpes tapis,dados gempuran ngundhuk-undhuk ing salaminipun,kithanipun sampun sami Paduka gempuri,sampun boten dipun engeti malih babar pisan.

8. Nanging Sang Yehuwah wus lenggah ing dhampar salawase,dhampare kang kaadegake iku kanggo nindakake pangadilan.

9. Iya Panjenengane iku kang ngukumi jagad kalawan adil,sarta ngadili para bangsa kalawan patitis.

10. Iya mangkono iku anggone Sang Yehuwah dadi pangauban tumrap wong kang katindhes,dadi pangauban ing wektu karubedan.

11. Tiyang ingkang wanuh kaliyan asma Paduka, punika sami kumandel dhateng Paduka,amargi Paduka, boten nate negakaken tiyang ingkang ngupadosi Paduka, dhuh Yehuwah.

12. Padha ngidungna masmur kagem Sang Yehuwah, kang akedhaton ing Sion.Padha nyaritakna pandamele ana ing tengahing para bangsa.

maca bab lengkap Jabur 9