Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Jabur 83:6-19 Kitab Sutji (JAV)

6. Saestu, sampun sami ngrantam kalayan saiyeg,sami damel prajanjian nglawan Paduka:

7. Para ingkang sami manggen ing kemahipun bangsa Edom, lan Ismael,Moab kaliyan Hagar,

8. Gebal lan Amon tuwin Amalek,Filisti sesarengan kaliyan tiyang ing Tirus,

9. ugi Asyur sami manunggil kaliyan tiyang-tiyang wau,sami dados bebantunipun darah Lut. (Selah)

10. Sedaya punika sami kadamela kadosdene bangsa Midian,kados Sisera tuwin Yabin wonten ing sacelakipun lepen Kisyon,

11. ingkang sampun sami katumpes wonten ing Endor,sami dados rabuking siti.

12. Para pangagengipun sami kadamela kados Oreb kaliyan Zeeb,saha sakathahing pemimpinipun kados Zebah lan Salmunah,

13. ingkang sami wicanten: “Payo padha ngejegipapan-papan padalemaning Allah.”

14. Dhuh Allah kawula, tiyang punika sami kadadosna kados dhedhak ingkang mabul-mabul,kados mrambut ingkang kabur ing angin.

15. Kados latu ingkang mbesmi wana,saha kados urubing latu ingkang nggesengaken redi-redi,

16. sami kaoyaka kaliyan prahara Paduka,tuwin kadamela kaget kaliyan lesus Paduka.

17. Rainipun sami kasasabana ing wirang,supados sami ngupadosana asma Paduka, dhuh Yehuwah.

18. Kajengipun sami nandhang wirang sarta kaget ing salaminipun,sami kawirangna saha lejeng sami tumpes,

19. supados sami sumerepa, bilih namung Paduka ingkang asma Yehuwah,Ingkang Mahaluhur tuwin misesani ing salumahing bumi.

maca bab lengkap Jabur 83