Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Jabur 79:8-13 Kitab Sutji (JAV)

8. Paduka mugi sampun ngantos ndhawahaken kalepatanipun para leluhur kawula dhumateng kawula sadaya;kawula mugi enggal kadhawahana ing sih-rahmat Paduka,awitdene kawula sampun sami ringkih sanget.

9. Dhuh Allah, ingkang mengku karahayon kawula,kawula mugi sami Paduka paringi pitulunganmargi saking kaluhuraning asma Paduka.Kawula mugi sami kaentasna saha kaapuntena dosa kawulamargi saking asma Paduka.

10. Punapaa dene bangsa sanes ngantos sami ngucap makaten:“Allahe wong iku ana ing ngendi?”Pamalesing rahipun para abdi Paduka ingkang sampun kawutahaken,mugi kasumerepana dening bangsa-bangsa saneswonten ing ngajeng kawula sedaya.

11. Pasambatipun para tiyang ingkang kinunjaramugi sageda sumengka dhateng ing ngarsa Paduka;tiyang ingkang sami katetepaken kaukum pejah,mugi sami Paduka parengaken gesang laras kaliyan asta Paduka ingkang agung.

12. Saha para tangga kawula mugi sami kadhawahana piwales tikel pitu,amargi anggenipun sami memada dhumateng Paduka, dhuh Pangeran.

13. Kawula sadaya punika, umat Paduka, inggih pepanthan menda ngen-ngenan Paduka,badhe lajeng sami ngaturaken panuwun dhumateng Paduka ing salaminipun,saha pepujian ingkang tumuju dhumateng Paduka badhe sami kawula wartosaken ngantos turun-tumurun.

maca bab lengkap Jabur 79