Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Jabur 79:2-7 Kitab Sutji (JAV)

2. Mayitipun para abdi Paduka dipun pakakaken dhateng peksi-peksi ing awang-awang,dagingipun para kekasih Padukadipun pakakaken dhateng sato ing ara-ara.

3. Rahipun umat Paduka dipun wutahaken kadosdene toya,wonten ing sakubenging Yerusalem sarta boten wonten ingkang ngubur.

4. Kawula sami dados cacadanipun para tangga-tepalih kawula,lan dados pepoyokan miwah cacampahanipun tiyang ingkang manggen ing sakubeng kawula.

5. Dhuh Yehuwah, ngantos pinten dangunipun anggen Paduka tansah paring bebendu Paduka,saha bentering panggalih Paduka anggenipun mulad-mulad kados latu?

6. Bebendu Paduka mugi kaesoknadhateng para bangsa ingkang botensami tepang kaliyan Paduka, inggih dhateng sakathahing karajan ingkang boten nyebut asma Paduka;

7. amargi sampun sami mangsa Yakub ngantos telas,griyanipun dipun risak.

maca bab lengkap Jabur 79