Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Jabur 79:1-6 Kitab Sutji (JAV)

1. Masmur anggitane Asaf.Dhuh Allah, bangsa sanes sampun sami lumebet dhateng ing tanah kagungan Paduka,sami najisaken padaleman Paduka ingkang suci,Yerusalem dipun dadosaken jugrugan.

2. Mayitipun para abdi Paduka dipun pakakaken dhateng peksi-peksi ing awang-awang,dagingipun para kekasih Padukadipun pakakaken dhateng sato ing ara-ara.

3. Rahipun umat Paduka dipun wutahaken kadosdene toya,wonten ing sakubenging Yerusalem sarta boten wonten ingkang ngubur.

4. Kawula sami dados cacadanipun para tangga-tepalih kawula,lan dados pepoyokan miwah cacampahanipun tiyang ingkang manggen ing sakubeng kawula.

5. Dhuh Yehuwah, ngantos pinten dangunipun anggen Paduka tansah paring bebendu Paduka,saha bentering panggalih Paduka anggenipun mulad-mulad kados latu?

6. Bebendu Paduka mugi kaesoknadhateng para bangsa ingkang botensami tepang kaliyan Paduka, inggih dhateng sakathahing karajan ingkang boten nyebut asma Paduka;

maca bab lengkap Jabur 79