Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Jabur 69:4-16 Kitab Sutji (JAV)

4. Kawula lesah margi saking anggen kawula sesambat, telak kawula garing;mripat kawula pedhes margi saking anggen kawula ngantos-antos dhumateng Gusti Allah kawula.

5. Tiyang ingkang nyengiti kawula tanpa sabab langkung kathah katimbang rambut kawula,kathah sanget cacahipun tiyang ingkang ngangkah badhe ngrisak kawula,ingkang nyatur kawula tanpa sabab;kawula dipun peksa nglintoni barang ingkang boten kawula rayah.

6. Dhuh Allah, Paduka mirsa menggah bodho kawula,kalepatan-kalepatan kawula Paduka boten kekilapan.

7. Dhuh, Pangeran, Allahing sarwa tumitah,para tiyang ingkang ngantos-antos dhumateng Paduka,mugi sampun ngantos nandhang wirang margi saking kawula.Dhuh Allahipun Israel, tiyang ingkang ngupadosi Paduka,sampun ngantos dados cacadan margi saking kawula.

8. Margi saking Paduka kawula tampi pamada,rai kawula kebak cacad.

9. Kawula dipun emohi sadherek-sadherek kawula,anak-anakipun embok kawula sami nganggep kawula tiyang sanes,

10. margi anggen kawula ngandhemi padaleman Paduka punika nggesengaken kawula,sarta tembung-tembung panacad dhumateng Paduka sampun namani kawula.

11. Kawula ngrisak badan kawula sarana siyam,nanging punika ugi dados cacad tumrap kawula;

12. kawula mangangge bagor,lajeng dados pocapanipun.

13. Kawula tansah dados rembagipun tiyang-tiyang ingkang sami linggih ing korining gapura,kawula dipun nyanyekaken dening tiyang ingkang sami remen ngombe inuman keras kalayan ngungelaken clempung.

14. Nanging kawula, kawula ndedonga dhumateng Paduka,dhuh Yehuwah,ing wekdal Paduka karenan ing panggalih, dhuh Allah;demi sih-piwelas Paduka ingkang agung, paduka mugi karsaa paring wangsulan dhumateng kawula,kanthi pitulungan Paduka ingkang setya!

15. Kawula mugi Paduka entasaken saking ing endhutan,sampun ngantos kleleb,kawula mugi kaluwarana saking tiyang-tiyang ingkang sami sengit dhumateng kawula,sarta saking toya ingkang lebet.

16. Ombaking toya sampun ngantos ngentiraken kawula,sampun ngantos kawula kauntal ing teleng,saha sumur sampun ngantos ngingkemi kawula.

maca bab lengkap Jabur 69