Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Jabur 69:31-37 Kitab Sutji (JAV)

31. Asmane Allah bakal dakpuji kalawan kekidungan,sarta Panjenengane dakluhurake kanthi kidung panuwun.

32. Ana ing paningaling Allah iku luwih becik katimbang sapi lanang,ngluwihi sapi lanang kang wus ana sungune lan atracak belah.

33. Delengen, he wong kang andhap-asor lan padha bungah-bungaha,he wong kang padha ngupaya marang Allah, cikben atimu girang maneh!

34. Amarga Pangeran Yehuwah miyarsakake marang wong kang padha mlarat,lan ora nyepelekake marang umate kang dadi tahanan.

35. Panjenengane muga linuhurna dening langit lan bumi,sarta segara dalah kang molah ana ing jerone.

36. Amarga Gusti Allah bakal mitulungi Sion,sarta mbangun kutha-kutha ing Yahuda,supaya dienggoni para umate lan dadia darbeke.

37. Para anak-putune abdine bakal padha tampa warisan iku,sarta wong kang tresna marang asmane bakal padha manggon ana ing kono.

maca bab lengkap Jabur 69