Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Jabur 69:30-33 Kitab Sutji (JAV)

30. Nanging kawula punika katindhes lan sinangsara,dhuh Allah, karahayon peparing Paduka mugi ngayomi kawula!

31. Asmane Allah bakal dakpuji kalawan kekidungan,sarta Panjenengane dakluhurake kanthi kidung panuwun.

32. Ana ing paningaling Allah iku luwih becik katimbang sapi lanang,ngluwihi sapi lanang kang wus ana sungune lan atracak belah.

33. Delengen, he wong kang andhap-asor lan padha bungah-bungaha,he wong kang padha ngupaya marang Allah, cikben atimu girang maneh!

maca bab lengkap Jabur 69