Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Jabur 69:19-29 Kitab Sutji (JAV)

19. Mugi karsaa ngrawuhi kawula saha nebus kawula.Kawula mugi Paduka luwari margi saking satru-satru kawula.

20. Paduka nupiksani cacad kawula,kawirangan kawula saha kanisthan kawula.Paduka boten kekilapan dhateng mengsah kawula.

21. Manah kawula rempu margi saking panyamah,telah pangajeng-ajeng kawula;kawula ngajeng-ajeng sih-piwelas, nanging tanpa gina,sarta ngajeng-ajeng dhateng panglipur, nanging boten pinanggih.

22. Malah kawula dipun tedhani racun,sarta nalika kawula ngelak, dipun sukani anggur kecut.

23. Pekembulanipun tiyang-tiyang punika dadosa jiret wonten ing ngajengipun,lan kendhurenipun dadosa kala.

24. Mripatipun sami dadosa peteng,ngantos boten saged ningali;sarta bangkekanipun dadosa lelah-leloh!

25. Paduka mugi karsaa ngebyuki ing bebendu tiyang-tiyang punika,sarta ketamana ing mulad-mulading deduka Paduka.

26. Pemahanipun dadosa suwung,kemah-kemahipun sampun ngantos wonten ing ngenggeni.

27. Amargi sami nguya-uya tiyang ingkang Paduka gebagi,sami ngindhaki sakitipun tiyang ingkang sami Paduka tatoni.

28. Durakanipun tiyang-tiyang punika mugi Paduka wewahi,sampun ngantos sami manggih kaleresan wonten ing ngarsa Paduka!

29. Mugi kacoreka saking kitabing gesang,sampun ngantos kecathet nunggil kaliyan tiyang ingkang sampurna!

maca bab lengkap Jabur 69