Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Jabur 69:19-26 Kitab Sutji (JAV)

19. Mugi karsaa ngrawuhi kawula saha nebus kawula.Kawula mugi Paduka luwari margi saking satru-satru kawula.

20. Paduka nupiksani cacad kawula,kawirangan kawula saha kanisthan kawula.Paduka boten kekilapan dhateng mengsah kawula.

21. Manah kawula rempu margi saking panyamah,telah pangajeng-ajeng kawula;kawula ngajeng-ajeng sih-piwelas, nanging tanpa gina,sarta ngajeng-ajeng dhateng panglipur, nanging boten pinanggih.

22. Malah kawula dipun tedhani racun,sarta nalika kawula ngelak, dipun sukani anggur kecut.

23. Pekembulanipun tiyang-tiyang punika dadosa jiret wonten ing ngajengipun,lan kendhurenipun dadosa kala.

24. Mripatipun sami dadosa peteng,ngantos boten saged ningali;sarta bangkekanipun dadosa lelah-leloh!

25. Paduka mugi karsaa ngebyuki ing bebendu tiyang-tiyang punika,sarta ketamana ing mulad-mulading deduka Paduka.

26. Pemahanipun dadosa suwung,kemah-kemahipun sampun ngantos wonten ing ngenggeni.

maca bab lengkap Jabur 69