Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Jabur 69:1-5 Kitab Sutji (JAV)

1. Kanggo lurah pasindhen.Miturut lagu: Kembang bakung. Saka Sang Prabu Dawud.

2. Dhuh Allah, kawula mugi Paduka pitulungi,awit toyanipun sampun minggah dumugi ing gulu kawula.

3. Kawula ambles ing rawa ingkang lebet,boten wonten papan kangge pancadan;kawula sampun klelep wonten ing toya ingkang lebet,alun ageng ngentiraken kawula.

4. Kawula lesah margi saking anggen kawula sesambat, telak kawula garing;mripat kawula pedhes margi saking anggen kawula ngantos-antos dhumateng Gusti Allah kawula.

5. Tiyang ingkang nyengiti kawula tanpa sabab langkung kathah katimbang rambut kawula,kathah sanget cacahipun tiyang ingkang ngangkah badhe ngrisak kawula,ingkang nyatur kawula tanpa sabab;kawula dipun peksa nglintoni barang ingkang boten kawula rayah.

maca bab lengkap Jabur 69