Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Jabur 62:1-4 Kitab Sutji (JAV)

1. Kanggo lurah pasindhen.Miturut: Yedutun. Masmur anggitane Prabu Dawud.

2. Amung yen cedhak karo Gusti Allah aku ngrasa ayem,kaslametanku iku saka ing Panjenengane.

3. Mung Panjenengane kang dadi peparang lan kaslametanku,kutha betengku, aku ora bakal gloyoran.

4. Sapira suwene anggonmu padha arep ngroyok sawijining wong,arep kokremuk, he kowe kabeh,kaya tembok kang dhoyong utawa tembok kang arep rubuh?

maca bab lengkap Jabur 62