Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Jabur 60:11-14 Kitab Sutji (JAV)

11. Sapa kang bakal ngirid aku lumebu ing kutha kang santosa?Sapa kang nuntun aku menyang ing tanah Edom?

12. Punapa sanes Paduka dhuh Allah, ingkang sampun nampik kawula,sarta boten majeng, dhuh Allah, sareng kalayan bala kawula?

13. Dhuh Gusti Allah, Paduka mugi karsaa paring pitulungan dhumateng kawula sadaya nglawan mengsah,amargi pitulunganing manungsa punika muspra.

14. Manawa kinanthi ing Allah kita bakal nindakake kaprawiran,awit Pangeran piyambak bakal ngiles-iles sakehing mungsuh kita.

maca bab lengkap Jabur 60