Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Jabur 60:1-7 Kitab Sutji (JAV)

1. Kanggo lurah pasindhen.Miturut lagu: Kembang bakung paseksen. Miktam anggitane Prabu Dawud kanggo piwulang,

2. nalika perang karo bala Aram-Mesopotamia lan wong Aram-Zoba, sarta sawuse Senapati Yoab bali saka nggecak bala Edom ana ing lebak Asin ngesorake mungsuh kehe rolas ewu.

3. Dhuh Allah, kawula sampun sami Paduka tampik, beteng kawula sampun Paduka bedhah;Paduka duka; Paduka mugi karsaa ndandosi kawula!

4. Bumi sampun Paduka gonjingaken saha Paduka belah;ingkang pecah mugi Paduka pulihaken malih,awit bumi sampun gonjing.

5. Umat Paduka sampun paduka damel rekaos sanget,kawula sampun sami Paduka ombeni anggur ingkang mendemi.

6. Paduka sampun maringi umbul-umbul dhumateng tiyang-tiyang ingkang ngabekti dhumateng Paduka,minangka pratandha supados amping-amping ngoncati panah. (Selah)

7. Supados para ingkang Paduka kasihi saged oncat,Paduka mugi karsaa paring pangluwaran klayan asta Paduka tengen saha kawula mugi sami kaparingana wangsulan!

maca bab lengkap Jabur 60