Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Jabur 56:4-14 Kitab Sutji (JAV)

4. Manawi kawula ajrih,kawula punika kumandel dhumateng Paduka;

5. Gusti Allah, kang pangandikane dakalembana,iya Gusti Allah iku kang dakandelake, mulane aku ora wedi.Manungsa bisa manggawe apa marang aku?

6. Sadinten-dinten sami ngruwedaken prakawis kawula,sami tansah gadhah kekajengan badhe nandukaken piawon dhateng kawula,

7. sami badhe nempuh, ngintip saha ngawasaken dhateng lampah kawula,kados tiyang ingkang sami ngangkah dhateng nyawa kawula.

8. Tiyang wau punapa saged oncat, manawi ngengeti durakanipun wau?Dhuh Allah, para bangsa mugi sami Paduka rebahaken klayan bebendu Paduka.

9. Kasangsaran kawula punika Paduka ingkang ngetang-etang,luh kawula Paduka rimat wonten ing impes Paduka;sadaya rak sampun sami Paduka cathet wonten ing Kitab Paduka?

10. Mungsuhku banjur padha mundur nalika aku sesambat,aku yakin yen Gusti Allah nunggil karo aku.

11. Gusti Allah, kang sabdane dakegungake,Pangeran Yehuwah, kang sabdane dakegungake.

12. Gusti Allah, kang dakendelake, mulane aku ora wedi.Manungsa bisa manggawe apa marang aku?

13. Dhuh Allah, nadar kawula badhe kawula tetepi wonten ing ngarsa Paduka,kawula badhe ngaturaken kurban panuwun dhumateng Paduka.

14. Amargi Paduka sampun ngluwari nyawa kawula saking pejah,malah njagi suku kawula, satemah boten kesandhung;mila kawula saged lumampah wonten ing ngarsanipun Gusti Allah,ing pepadhanging gesang.

maca bab lengkap Jabur 56