Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Jabur 55:6-12 Kitab Sutji (JAV)

6. Kawula ketaman ing ajrih lan raos gumeter,kawula kalimputan ing pagiris.

7. Kawula manah makaten: “Adhuh, saupama aku kaparingan swiwi kaya manuk dara,banjur mabur golek papan kang tentrem,

8. malah nuli lumayu nganti adoh,lan banjur nginep ana ing pasamunan. (Selah)

9. Aku bakal enggal-enggal golek papan pangungsen,ngoncati angin gedhe lan prahara.”

10. Dhuh Pangeran, mugi Paduka karsaa damel bingungipun tiyang-tiyang punika, saha karsaa ngisruhaken pirembagipun,amargi kawula ningali panganiaya saha bebantahan wonten ing kitha!

11. Rinten dalu sami ngubengi kitha punika wonten ing sanginggiling balowartinipun,sarta ing nglebet wonten kacilakan lan kasangsaran;

12. saha kawontenan ingkang ngrerisak pinanggih ing wewengkonipun,panindhes lan para cidra jumedhul tanpa kendhat wonten ing alun-alunipun.

maca bab lengkap Jabur 55