Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Jabur 55:1-9 Kitab Sutji (JAV)

1. Kanggo lurah pasindhen.Binarung swaraning clempung. Kidung piwulange Prabu Dawud.

2. Dhuh Allah, Paduka mugi karsaa miyarsakaken pandonga kawula,Paduka sampun ngantos mengkeraken panyuwun kawula!

3. Paduka mugi karsaa nilingaken saha karsaa maringi wangsulan,kawula nglembara kaliyan nangis margi saking semplah.

4. Margi saking pambengoking mengsah,lan panganiayanipun tiyang duraka;amargi sami ndhatengaken bilai,sarta kanthi pangigit-igit anggenipun nglawan kawula.

5. Manah kawula ngolang-ngaling,tuwin pagirising pejah ngebruki kawula.

6. Kawula ketaman ing ajrih lan raos gumeter,kawula kalimputan ing pagiris.

7. Kawula manah makaten: “Adhuh, saupama aku kaparingan swiwi kaya manuk dara,banjur mabur golek papan kang tentrem,

8. malah nuli lumayu nganti adoh,lan banjur nginep ana ing pasamunan. (Selah)

9. Aku bakal enggal-enggal golek papan pangungsen,ngoncati angin gedhe lan prahara.”

maca bab lengkap Jabur 55