Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Jabur 51:1-10 Kitab Sutji (JAV)

1. Kanggo lurah pasindhen.Masmur anggitane Sang Prabu Dawud,

2. nalika Nabi Natan sowan, sawuse panjenengane sapasarean karo Batsyeba.

3. Dhuh Allah, kawula mugi Paduka welasi awit saking sih-kadarman Paduka,mugi karsaa nglebur dosa kawula awit saking gunging sih-kadarman Paduka.

4. Mugi kawula Paduka resiki babar pisan saking sakathahing dosa kawula,sarta dosa kawula mugi Paduka ruwat.

5. Amargi kawula ngrumaosi panerak kawula,saha dosa kawula tansah wonten ing ngajeng kawula.

6. Kawula damel dosa dhumateng Paduka, inggih namung dhumateng Paduka piyambak anggen kawula sampun damel dosa punika,sarta nglampahi ingkang Paduka galih awon,supados tetelaa bilih pancasan Paduka punika adil,saha patrap anggen Paduka ngadili punika resik.

7. Pancen saestu, anggen kawula kalairaken punika nandhang duraka,sarta biyung kawula ngandhut kawula ing salebeting dosa.

8. Pancen saestu, Paduka punika karenan dhateng kaleresaning salebeting batos,kanthi kendel-kendelan Paduka paring sumerep bab kawicaksanan dhumateng kawula.

9. Dosa kawula mugi Paduka icali kalayan hisop, temah dados resik,kawula Paduka edusi temah dados pethak, nglangkungi salju!

10. Kawula pinarengana mireng kabingahan lan sukarena,saha balung ingkang sampun Paduka remuk, sageda surak-surak malih!

maca bab lengkap Jabur 51