Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Jabur 49:11-21 Kitab Sutji (JAV)

11. Sanyatane, bakal kinawruhan: para wong kang wicaksana padha mati,para wong bodho lan tanpa budi padha mati bareng,lan bandhane ditinggalake marang wong liya.

12. Kubure iku dadi omahe ing salawase,dienggoni nganti turun-tumurun,pategalan-pategalan dianggep dadi duweke.

13. Nanging wong iku gedhea kaluhurane, iya ora lestari uripe,mung padha kaya kewan kang dipateni.

14. Kaya mangkono iku kaanane wong kang ngendelake awake dhewe,sarta patine wong kang seneng marang tembunge dhewe. (Selah)

15. Kaya wedhus anggone padha lumebu marang ing jagading wong mati,pati kang dadi pangone;padha terus tumurun marang ing kuburan,awake ajur mumur,jagading wong mati kang dadi papan padunungane.

16. Nanging nyawaku bakal diluwari dening Gusti Allah,saka ing cengkeremaning jagade wong mati,amarga Panjenengane bakal mundhut aku. (Selah)

17. Aja sumelang, manawa ana wong sangsaya sugih,sarta sangsaya wuwuh kamuktene ana ing omahe,

18. amarga rikala matine kabeh iku ora bakal digawa,kamuktene ora bakal ngetutake dheweke.

19. Sanadyan sajroning uripe ngarani awake dhewe iku begja,lan dialem dening wong marga anggone mbeciki awake dhewe,

20. ewadene bakal padha marani para leluhure,kang ora bakal ndeleng pepadang ing sateruse.

21. Manungsa kang kadunungan kamulyan akeh, manawa ora duwe kawruh,iku kena dipadhakake kewan kang disembeleh.

maca bab lengkap Jabur 49