Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Jabur 44:11-25 Kitab Sutji (JAV)

11. Paduka damel mundur kawula saking ngajenganing mengsah kawulalan tiyang ingkang sami nyengiti kawula sami njejarah.

12. Kawula sami Paduka ulungaken kadosdene menda sembelehan,saha kawula sami Paduka sebar wonten ing antawisipun para bangsa.

13. Umat Paduka Paduka sade kanthi lelahanansarta boten mundhut bathi saking pepajenganipun.

14. Kawula sami Paduka dadosaken cacadan tumrap ing tangga-tepalih kawula,kadamel gegujengan saha dipun wirang-wirangaken dening tiyang-tiyang ing sakiwa-tengen kawula.

15. Kawula Paduka dadosaken pocapan wonten ing antawisipun para bangsa,tuwin jalaranipun para suku bangsa sami gedheg-gedheg.

16. Sadinten muput kanisthan kawula wonten ing ngajeng kawula,sarta rai kawula kasasaban ing kawirangan,

17. awit saking tembung-tembungipun tiyang ingkang nenacad saha nyenyamah,wonten ing ngajenging mengsah saha tiyang ingkang ambek remen males awon.

18. Sadaya wau sampun dhumawah ing badan kawula, nanging kawula boten kesupen dhumateng Paduka,inggih boten cidra dhumateng prasetya Paduka.

19. Manah kawula sami boten mbangkang,saha lampah kawula sami boten nyleweng saking margi Paduka,

20. sanadyan Paduka sampun ngremuk kawula wonten ing tengahipun segawon ajag,saha Paduka nglimputi kawula kalayan pepeteng.

21. Saupami kawula sami kesupen dhateng asmanipun Gusti Allah kawula,lan ngegaraken tangan kawula dhumateng allah sanesipun,

22. punapa Gusti Allah boten badhe nitipriksa ingkang kados makaten punika?Amargi Pangeran rak boten kesamaran wewadosing manah?

23. Saestu, awit saking Paduka kawula sami wonten ing salebeting bebaya pejah ing saben dintenipun,saha kasamekaken kaliyan menda sembelehan.

24. Dhuh Gusti, mugi Paduka karsaa wungu, punapaa dene Paduka sare?Mugi Paduka karsaa wungu, sampun ngantos tansah ngipataken kawula.

25. Punapadene Paduka nasabi wadana Paduka,saha boten enget dhateng anggen kawula sami katindhes sarta kasiya-siya?

maca bab lengkap Jabur 44