Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Jabur 39:4-11 Kitab Sutji (JAV)

4. Atiku panas ana ing jeroku,murub kaya geni nalika aku sesambat;aku munjuk kalawan ilatku:

5. “Dhuh Yehuwah, Paduka mugi karsaa paring sumerep bab ngajal kawula,punapadene bab watesing umur kawula,supados kawula mangretos bilih kawula punika boten langgeng!

6. Lah dangunipun umur kawula punika sampun Paduka temtokaken namung sawatawis tebah;saha gesang kawula punika kados barang ingkang kothong wonten ing ngarsa Paduka,pancen saben tiyang punika namung satunggaling bab ingkang tanpa gina. (Selah)

7. Manungsa punika namung kadosdene wewayangan ingkang langkung,namung usreg kemawon bab barang ingkang tanpa paedah,nandho-nandho nanging boten sumerep sinten ingkang badhe ngrakup.

8. Dados sapunika ingkang kula ajeng-ajeng punika punapa, dhuh Gusti?Namung Paduka kemawon ingkang kawula ajab.

9. Paduka mugi karsaa ngluwari kawula saking sakathahing kalepatan,kawula sampun ngantos dados cecampahanipun tiyang gemblung.

10. Kawula mingkem, boten mbikak cangkem kawula,amargi Paduka piyambak ingkang tumindak.

11. Paduka mugi karsaa nyingkiraken panyiksa Paduka saking kawula,kawula remuk-rempu margi saking panggebag Paduka.

maca bab lengkap Jabur 39