Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Jabur 39:1-6 Kitab Sutji (JAV)

1. Kanggo lurah pasindhen, kanggo Yedutun. Masmur anggitane Prabu Dawud.

2. Gagasanku mangkene: “Aku dak ngati-ati,supaya aku aja nganti nglakoni dosa kalawan ilatku,cangkemku dakjaga kalawan dakbrangus,sajrone wong duraka isih ana ing ngarepku.”

3. Aku mbisu, aku meneng,aku mbisu, aku adoh karo bab kang becik,nanging prihatinku saya banget.

4. Atiku panas ana ing jeroku,murub kaya geni nalika aku sesambat;aku munjuk kalawan ilatku:

5. “Dhuh Yehuwah, Paduka mugi karsaa paring sumerep bab ngajal kawula,punapadene bab watesing umur kawula,supados kawula mangretos bilih kawula punika boten langgeng!

6. Lah dangunipun umur kawula punika sampun Paduka temtokaken namung sawatawis tebah;saha gesang kawula punika kados barang ingkang kothong wonten ing ngarsa Paduka,pancen saben tiyang punika namung satunggaling bab ingkang tanpa gina. (Selah)

maca bab lengkap Jabur 39