Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Jabur 35:24-28 Kitab Sutji (JAV)

24. Dhuh Yehuwah Allah kawula, Paduka mugi karsaa ngadili kawula ingkang salaras kaliyan kaadilan Paduka,supados tiyang punika sampun ngantos sami bingah-bingah ing bab kawula!

25. Sampun ngantos sami nggraita makaten:“Lah kaya mangkono kuwi kang padha dakkarepake.”Utawi ungelipun: “Saiki dheweke wis dakuntal!”

26. Sami nandhanga wirang saha isin sesarengan,tiyang ingkang sami bingah-bingah margi saking sangsara kawula,tiyang ingkang sami methenthengi kawula,sami nandhanga wirang isin.

27. Tiyang ingkang sami kepengin sumerep kawula dipun leresaken,punika kajengipun sami asurak-surak saha abingah-bingah!sarta tansah sami wicantena makaten: “Pangeran Yehuwah iku agung,kang ngarsakake rahayune abdine!”

28. Wondene ilat kawula badhe nyariyosaken kaadilan Paduka,tuwin memuji Paduka ing sadinten muput.

maca bab lengkap Jabur 35