Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Jabur 35:13-24 Kitab Sutji (JAV)

13. Ewadene menggah kawula, nalika tiyang punika sami sakit,kawula mangangge bagor,kawula nyiksa badan kawula kaliyan siyam,tuwin pandonga kawula thukul malih wonten ing manah kawula,

14. kados-kados mitra kawula utawi sadherek kawula ingkang sakit,kados makaten tangkep kawula;kawula tansah nandhang sisah kados tiyang ingkang kapejahan biyungipun,lampah kawula tansah tumungkul kalayan mangangge bagor.

15. Nanging sareng kawula kesandhung saha dhawah, lajeng sami bingah saha nglempak,sami nggrombol nglawan kawula;tiyang ingkang boten tepang kaliyan kawula,sami nenacad kawula tanpa kendel-kendel;

16. anggenipun ngece kawula kados patrapipun tiyang dursila,klayan nggeget-nggeget untu dhateng kawula.

17. Dhuh Pangeran, ngantos benjing punapa anggen Paduka namung mirsani kemawon?Nyawa kawula mugi Paduka luwari saking pangrisakipun tiyang-tiyang punika,sarta saking singa-singa enem!

18. Kawula lajeng badhe ngidungaken panuwun dhateng Paduka wonten ing pasamuwan agung,Paduka badhe kawula luhuraken wonten ing satengahing rakyat kathah.

19. Tiyang ingkang sami nyatru dhateng kawula tanpa sabab,punika sampun ngantos sami bingah-bingah ing bab kawula,tiyang-tiyang ingkang sami sengit dhumateng kawula tanpa sabab,sampun ngantos kedhap-kedhep mripat.

20. Ingkang dipun rembag sanes karukunan,malah sami ngrancang pratingkah cidrakangge nglawan tiyang ing nagari ingkang gesangipun sami rukun.

21. Punapa malih sami broak-braok ujaripun dhateng kawula;tembungipun: “Sokur, sokur, mripatku wus weruh!”

22. Dhuh Yehuwah, Paduka ingkang sampun nguningani, mugi Paduka sampun kendel kemawon,dhuh Pangeran, mugi sampun ngantos nebihi kawula!

23. Paduka mugi karsaa wungu lan karsaa jumeneng mbelani wewenang kawula,dhuh Allah kawula, lan Gusti kawula, Paduka mugi karsaa ngembani prakawis kawula.

24. Dhuh Yehuwah Allah kawula, Paduka mugi karsaa ngadili kawula ingkang salaras kaliyan kaadilan Paduka,supados tiyang punika sampun ngantos sami bingah-bingah ing bab kawula!

maca bab lengkap Jabur 35