Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Jabur 27:1-6 Kitab Sutji (JAV)

1. Anggitane Prabu Dawud.Sang Yehuwah kang dadi pepadhangku lan pamartaku,sapa kang dakwedeni?Sang Yehuwah kang dadi bebetenging uripku,sapa kang marakake aku gumeter?

2. Nalika para durjana padha nempuh marang akuarep mangan dagingku,yaiku sakehing satruku lan mungsuhkubanjur padha kajengklok lan tiba.

3. Sanadyan akeh bala kang padha ngedegake tarub ngepung aku,atiku ora giris,sanadyan tuwuh peperangan,atiku tetep pracaya.

4. Saprakara kang wus daksuwun marang Sang Yehuwah,yaiku kang dakpenginimuga bisa manggon ana ing padalemane Sang Yehuwah ing salawase urip,nyawang kadarmane Sang Yehuwahsarta ngrasakake nikmate ana ing pasucene.

5. Sabab Pangeran ngayomi aku ana ing pasanggrahane,manawa ana bebaya;ngaling-alingi aku ana ing papan kang ndhelik ing sajroning tarube.Panjenengane mrenahake aku ana ing sadhuwuring parang.

6. Saiki sirahku jejeg,ngungkuli musuh kang ngepung aku;ana ing tarube aku bakal nyaosake kurban panuwun kanthi surak-surak;aku arep ngidung lan ngrepekake masmur kagem Sang Yehuwah.

maca bab lengkap Jabur 27