Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Jabur 21:3-8 Kitab Sutji (JAV)

3. Sapangesthining panggalihipun sampun Paduka paringi,saha panyuwun ingkang kawedal saking lathinipun boten Paduka tampik. (Selah)

4. Dene sampun Paduka pethuk kalayan berkah ingkang luber;saha Paduka agemi makutha kancana murni ing mastakanipun.

5. Panjenenganipun nyuwun gesang dhumateng Paduka; lajeng Paduka paringi,ugi sampun Paduka paringi yuswa panjang ing salajengipun saha ing salaminipun.

6. Kaluhuranipun linangkung margi saking kaunggulan peparing Paduka,punapa dene Paduka paringi kaunggulan kaliyan kamulyan.

7. Panjenenganipun Paduka dadosaken berkah ing salaminipun;Paduka kebaki ing kabingahan wonten ing ngarsa Paduka.

8. Amargi Sang Prabu kumandel dhumateng Sang Yehuwah,saha margi saking sih-kadarmanipun Ingkang Mahaluhur panjenenganipun boten keguh.

maca bab lengkap Jabur 21