Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Jabur 147:11-19 Kitab Sutji (JAV)

11. Pangeran Yehuwah karenan marang wong kang ngabekti marang Panjenengane,lan para wong kang ngarep-arep marang sih-kadarmane.

12. He Yerusalem, ngalembanaa marang Sang Yehuwah,he Sion saosa puji marang Allahmu,

13. awit Pangeran nyantosani slaraking gapuramu,sarta mberkahi anak-anakmu ana ing wewengkonmu.

14. Panjenengane kang nentremake satanah wewengkonmu,maregi kowe kalawan pepethinganing gandum.

15. Panjenengane maringake dhawuhe marang bumi,Pangandikane lumawat pesat.

16. Pangeran paring salju kaya wulu wedhus gembel,nyawurake ebun njendhel kaya awu.

17. Pangeran nguncalake jendhelan banyu kaya pecahan,sapa bisa tahan ngadeg mbetahake adheme?

18. Panjenengane ngandika, kabeh banjur ajer maneh,Panjenengane ngididake angin, banyune tumuli mili.

19. Sabdane kaparingake marang Rama Yakub,apadene pranatane lan angger-anggere marang Rama Israel.

maca bab lengkap Jabur 147