Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Jabur 147:1-13 Kitab Sutji (JAV)

1. Haleluya!Sanyata becik ngidungake masmur marang Allah kita iku,malah iku nengsemake lan pantes ngidungake pamuji iku.

2. Pangeran Yehuwah mbangun Yerusalem,sarta ngempalake para wong Israel kang pating blesar.

3. Panjenengane mulihake wong kang pepes atine,padha diblebedi tatune.

4. Pangeran nemtokake cacahe lintang-lintang,padha kasebut jenenge dhewe-dhewe.

5. Gusti Allah kita iku agung lan ngleluwihi kakiyatane,kawicaksanane ora kena winirasa.

6. Pangeran Yehuwah nyantosakake maneh para wong kang katindhes,nanging para wong duraka padha diesorake nganti konjem ing bumi.

7. Padha ngrepekna kidung pamuji sokur marang Pangeran Yehuwah,padha ngidunga masmur konjuk marang Gusti Allah kita kanthi swaraning clempung!

8. Panjenengane kang nutupi langit kalawan mendhungkang nyawisi udan marang bumi,kang damel gunung-gunung padha nukulake suket.

9. Panjenengane kang paring pakan marang sato-kewan,marang anak-anaking gagak kang padha celuk-celuk.

10. Pangeran ora karenan marang karosaning jaran,lan marang sikile wong lanang.

11. Pangeran Yehuwah karenan marang wong kang ngabekti marang Panjenengane,lan para wong kang ngarep-arep marang sih-kadarmane.

12. He Yerusalem, ngalembanaa marang Sang Yehuwah,he Sion saosa puji marang Allahmu,

13. awit Pangeran nyantosani slaraking gapuramu,sarta mberkahi anak-anakmu ana ing wewengkonmu.

maca bab lengkap Jabur 147