Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Jabur 146:5-10 Kitab Sutji (JAV)

5. Rahayu wong kang ndarbeni Allahe Rama Yakun minangka pamomonge,kang pengarep-arepe marang Sang Yehuwah, Gusti Allahe,

6. Panjenengane kang nitahake langit lan bumi,segara lan saisine kabeh,kang tetep setya ing salawase,

7. kang njejegake kaadilan tumrap wong kang padha ditindhes,kang paring pangan marang wong kang padha keluwen,Pangeran Yehuwah ngluwari wong kang padha kinunjara.

8. Pangeran Yehuwah ngelekake mripate para wong wuta,Pangeran Yehuwah njejegake para wong kang tumungkul,Pangeran Yehuwah ngasihi marang para wong mursid.

9. Pangeran Yehuwah ngreksa marang wong ngamanca,bocah lola lan randha padha disantosakake maneh,nanging dalane wong duraka dienggokake.

10. Pangeran Yehuwah iku jumeneng raja ing salawase,Allahmu, he Sion, turun-tumurun.Haleluya!

maca bab lengkap Jabur 146