Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Jabur 138:1-6 Kitab Sutji (JAV)

1. Anggitane Prabu Dawud.Paduka badhe kawula puji klayan gumolonging manah,wonten ing ngajengipun para allah kawula badhe ngidung masmur kagem Paduka.

2. Kawula badhe sujud madhep ing padaleman Paduka ingkang suci,saha memuji dhumateng asma Paduka,awit saking sih-kadarman lan kasetyan Paduka,dene asma saha prasetya Paduka, Paduka damel nglangkungi samukawis.

3. Sareng kawula sesambat, Paduka lajeng nyembadani kawula,Paduka mewahi kasantosan wonten ing manah kawula.

4. Dhuh Yehuwah, sakathahipun raja ing bumi badhe sami ngucap sokur dhumateng Paduka,awit sami mirengaken janji saking ing lesan Paduka;

5. sami badhe ngidungaken sapangrehing Sang Yehuwah,awit ageng kamulyaning Pangeran Yehuwah.

6. Pangeran Yehuwah iku luhur, ewadene nguningani marang wong asor,sarta kang gumunggung padha dipirsani saka ing kadohan.

maca bab lengkap Jabur 138