Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Jabur 137:5-9 Kitab Sutji (JAV)

5. Manawa aku lali marang kowe, he Yerusalem,garinga tanganku tengen!

6. Ilatku kraketa ing cethak,manawa aku ora tetap eling marang kowe,sarta manawa Yerusalem ora dakdadekakemusthikaning kabungahanku?

7. Dhuh Yehuwah, Paduka mugi karsaa ngengeti bani Edom,ingkang ing dinten bilainipun Yerusalem ngucap:“Gempuren, gempuren tekan talese pisan!”

8. He putri ing Babel, kang dhemen nganiaya,rahayu wong kang nindakake piwales marang kowe,tumrap pakarti-pakarti kang koktandukake marang aku kabeh!

9. Rahayu wong kang padha nyekeli anak-anakmu,banjur padha dibantingi ana ing parang.

maca bab lengkap Jabur 137