Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Jabur 137:1-6 Kitab Sutji (JAV)

1. Ana ing pinggir bengawan Babel anggonku padha ndheprok karo nanging,manawa kelingan kutha Sion.

2. Clempungku padha dakcanthelakeana ing wit gandarusa ing kono.

3. Amarga ana ing kono wong-wong kang padha nawan kita,njaluk supaya aku padha ngrepekake kekidungan,lan wong kang niksa kita iku padha njaluk kidung kabungahan:“Aku padha kidungna kidunge Sion.”

4. Kapriye bisaku padha ngrepekake kidunging Yehuwahana ing nagara ngamanca?

5. Manawa aku lali marang kowe, he Yerusalem,garinga tanganku tengen!

6. Ilatku kraketa ing cethak,manawa aku ora tetap eling marang kowe,sarta manawa Yerusalem ora dakdadekakemusthikaning kabungahanku?

maca bab lengkap Jabur 137