Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Jabur 105:31-41 Kitab Sutji (JAV)

31. Gusti Allah ngandika, banjur katekan laler cathak,lan lemud-lemud ing satanah kabeh;

32. Panjenengane ndhawahake udan es dadi gegantine udan ing kono,lan geni kang mulad-mulad ing negarane;

33. wit anggur lan anjir padha karubuhake,lan sakehing wit-witan ing tlatahe disempali.

34. Gusti Allah ngandika, banjur ana walang,lan iku walang memangsa kang tanpa wilangan kehe,

35. banjur mangsa sakehe tetuwuhan ing negarane,sarta ngganyang sapametuning palemahane.

36. Pangeran numpes sakehe anak pembarep ing negarane,wohing kekuatane kang kawitan.

37. Umate nuli diirid metu kalawan nggawa salaka lan emas,lan panunggalane sakehing talere ora ana kang kajengklok siji-sijia.

38. Nalika metune mau wong Mesir padha bungah-bungah,amarga wong Mesir padha ketaman wedi marang dheweke kabeh.

39. Gusti Allah nggelar mega kagawe mayungi umate,tuwin geni kang madhangi ing wayah bengi.

40. Para leluhur padha nyenyuwun, Gusti Allah nuli ndhatengake manuk gemak,sarta maregi umate kalawan roti saka ing langit.

41. Pangeran mbengkahake parang, banjur ana banyu mancur,kang mili kaya kali ana ing tanah garing.

maca bab lengkap Jabur 105